RSS

Pranatacara

Paugeraning pranatacara adicara lan pamedhar sabda

      Pranatacara ingkang asring disebat Master Of Ceremony ( MC ), pambiwara, pranata adicara, pranata titilaksana, pambyawara, utawi pranata laksitaning adicara, inttih punika paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, ingkang bakunipun, ayahanipun inggih punika nglantaraken cak-cakanipun acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuan upacara ingkang sampun rinantam.

      Pranatacara nyepeng peranan ingkang ageng, dados punjering kawigatosan, amargi regeng, rancak, nges lan mbotenipun satunggaling adicara saperangan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara. Saksinteno kemawon para paraga ingkang magepokan kaliyan lampahing adicara utawi pawiwahan mboten saged tumindak piyambak-piyambak menawi dereng wonten atur saking pranatacara.

    Sakjatosipun, pakaryan pranatacara mekaten sanes satunggaling pakaryan ingkang awrat / angel, awit saksintena mawon priyantun ingkang mboten nandhang tuna wicara utawi ingkang kedaling lesan mboten cetho, tamtu saged ninda’aken pakaryan pranatacara kasebat. Ananging ingkang kathah sami ajrih dhumateng tuna dungkaping basa.

       Ananging babagan punika mboten ndadosaken pepalang, amargi basa mekaten kathah sanget pacopanipun, pramila setunggal lan sanesipun priyantun saged ngginakaken basa ingkang pundi kemawon, jer leres pikajengipun cak-cakanipun, saha gampil kasuraos dening saksintena ingkang sami midhangetaken.

     Amrih jejibahan saged kasil kanthi sae, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged ngrengkuh sarat sarana ingkang baku, inggih punika :

  •  Swara

    Kedaling lathi kedah kagladhi, supados saged langkung cetha medaling suwanten, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged mapanaken utawi ngginakaken swanten ingkang awrat, cekapan, utawi inggil trep kaliyan swanten iringaning gendhing ( menawi wonten ).

     Pangolahing swanten kedah wajar, cetha, tegas mboten ketawis sanget menawi kaolah ( dipun damel-damel ). Ing babagan swanten meniko, pranatacara saha pamedhar sabda kedah wigatos dhateng swaraning aksara swara ( ucapan ), langkung-langkung beda-beda mingsad-mingsudipun ing tembung lingga saha tembung andhahan.

       Wirama ( lagu ) ugi kedah kagladhi kanthi saestu supados sekeca kamirengaken, kados pundhi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kasesa, ananging ugi sampun ngantos nglentrek sanget. Gladhi olah swara punika kedah pikantuk kawigatosan ingkang mirungga, amargi punika dados satunggaling sarat baku kagem pranatacara saha pamedhar sabda.

  •  Busana ( Ageman )

     Ajining raga gumantung busana, mila babagan busana punika ugi kedah pun gladhi saengga jejibahan pranatacara saha pamedhar sabda saged kalaksanakaken kanthi sae.Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhna kaliyan kaperluan wonten ing upacar punapa ingkang badhe dipun ayahi.

      Jejering pranatacar saha pamedhar sabda saged katingal ngrengreng menawi karengga swanten, raga lan busana ingkang pantes.Pangudining busana saged ngetrepaken kaliyan rupi utawin wernining busana kaliyan kulit, sareng make up, saengga katingal pantes kaliyan papan panggenan, mboten nyolok tuwin samadya kemawon.

      Wonten ing babagan mangagem busana ( ageman ) punika, saestu sae sabda pangandikan kanjeng suhunan Pakowboewana IV ingkang sampun panjenenganipun kanjeng susuhunan sabdaaken dhumateng para sentana saha karabat keratin kasunanan Surakarta Hadiningrat, inggih punika :

“ Nyandhang menganggo iku dadiya sarana hamemangun manungsa njaba njero, marmane pantesen panganggonira, trapna traping panganggon, chundukna marang kahananing badanira, wujud lan wernane jumbuhna kalawan dedeg piadeg miwah pakulitan..”

( Menggunakan Pakian itu harus jadi sarana membangun pribadi seseorang lahir dan bathin, jadi harus sesuaikanlah pakianmu, serasikan dengan keadaan, sesuaikan dengan bentuk badan waran pakaian, pilihlah yang sesuai dengan postur tubuh serta warna kulit )

     Pramila babagan busana punika kedah pun gladhi ingkang sasae-saenipun dening pranatacara saha pamedhar sabda, amrih sae kasilipun tumrap sadayanipun, langkung sae ugi kagem para pranatacara saha pamedhar sabda ing sak derengipun ngayahi jejibahan dados pranatacara saha pamedhar sabda, busana punika saenipun kedah dipun rembag kaliyan panitya, amrih hasil ingkang dipun kajadaken sae wontenipun.

  • Subasita ( Trapsila )

      Trapsila ( tata krami ) kedah pun gladhi ingkang sae, amargi trapsila ingkang kirang, sagd ngirangi kawibawanipun pranatacara saha pamedhar sabda.Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel ( katingal dening ing asanes utawi mboten ) langkung sae bilih solah bawanipun prasaja kemawon, anteng, manteb ananging mboten kaken ( kaku ).

      Ewah-ewahanipun pasuryan ugi kedah kaudi ingkang sadaya wau sageda nggambaraken isining penggalih, ingkang lajeng jumbuh kaliyan swasana, sapertos, bilih wonten ing pawiwahan saha pahargyan, pasuryan binger sumringah lan ramah awit prastawa menika ngemu suraos suka, kabagyan, saha kabingahan.

      Wondene wonten ing sripah, pasuryan kedah mboten katingal binger sumringah, amargi punika tamtu mboten jumbuh kaliyan swasana saha raos manah kulawarga ingkang nembe nandang duka sungkawa.

  •  Basa lan sastra

      Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyantun ingkang nembe ngayahi tugas dados pranatacara saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntutaning sastra ingkang leres, pamilihing tembung ingkang lajeng dipun ronce dados ukara kedah trep, luwes, sae, wusana sekeca kapireng ing asanes.Kanthi pangertosan ingkang sae babagan basa tuwin sastra, pranatacara saha pamedhar sabda saged ndapuk mocap, tembung , ukara saha wacana kanthi leres tuwin laras.

Laras : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngrantam  saha mbabar titilaksana trep kaliyan kawontenan saha swasana.

Leres  : tegesipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan parasastranipun.

      Ingkang menika pranatacara saha pamedhar sabda saged lumebet ing pawiyatan utawi saged maos piyambak buku-buku ingkang ngemot kawruh paramasastra kasebat.

  •  Ancer – ancer pakaryan pranatacara saha pamedhar sabda.

      Supados saged pikantuk kasil pakaryan ingkang sae, kedah kagungan pathokan-pathokan kangge nindakaken pakaryan pranatacara saha pamedhar sabda punika.

Pathokan-pathokan wau inggih punika :

  1. Ing babagan basa, mugi kaginakaken basa ingkang trapsila, wijang prasaja ananging gampil katampi dening para tamu ( ingkang midangetaken ) sarta sekeca kapiarsa.
  2. Tanggap ing kawontenan, supados pahargyan saged regeng.
  3. Mangertosi rantaman-rantaman badhe tumapaking adicara kanthi permati, sarta kedah tanggap ing kawontenan.
  4. Mangertos asma-asma para paraga ing saklebeting pawiwahan kanthi jangkep sak imbuhanipun.
  5. Tansah sesambetan kaliyan kadang pranata pita swara, supados nyamektakaken gendhing-gendhing ingkang jumbuh kaliyan lelampahaning adicara.
  6. Tansah sesambetan kaliyan poranparaning pawiwahan ( ketua panitia ) supados enggal mangertosi mbok bilih wonten ewah-ewahan adicara.
  7. Trengginas mutusaken samukawis murih pawiwahan mboten katingal kisruh.

DjawaDwipa

 

Berikan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

%d blogger menyukai ini: