RSS

Carios tumuruning Kembar mayang

24 Apr
 Cengkorongan Rumpoko : 

 Khayangan salendro bawono

Widodari samyo kentar saking patamanan kahyangan

Widodari ngaglang jagad

Widodari adus wonten ing telenging talogo

Joko tarub nyidro busono

Joko tarub dhaup kaliyan widodari dewi nawangwulan

Peputri dewi nawangsih

Badharing wewadhi kasekten widodari

Joko tarub gawe lesung saha alu kangge nutu pari

Dewi nawangwulan manggihaken busananipun ing lumbung

Dewi nawangwulan wangsul ing alam kawidodaren

Dewi nawangwulan weling sawancinipun dewi nawangsih palakrama

Sang dewi piyambak ingkang badhe paring sumbogo

Syaratipun kedah dipun samaptaaken kembar mayang.

Wicoro Carios :

Swuh rep doto pitono, pundi to sasana ingkang ka eko adi dasa purwo, eko marang sawiji, adi linuwih, dasa sapuluh, purwo kawiwitan, hanenggih kahyangan jonggring saloko yo khayangan salendro bawono kang minongko bebukaning kondho.

Purwakaning carito hanenggih sasana kahyangan salendro bawana yo kahyangan jonggring saloko, satunggaling papan ingkang panjang ajunjung gemah ripah loh jinawi, panjang dowo pacopane, punjung luhur kawibawane, gemah ripah loh jinawi, sarwo subur kang tinandur, sarwo murah kang tinuku, yen rino tan kraos benter yen ndalu datan asrep, lamun padhang ora mblerengi datan wenten peteng, anane mung sarwo edi endah milangoni ayem tentrem idhum lan adhem.

Panjang dowo pacobane wus kawentar kahyangan salendro bawono ing jagad triloka, tri wus ngarani telu loka aran sasana, arane jagad yo jagad kadewatan, jagading poro manungso sarto jagad kajinan, jagad kadewatan jagade poro dewo dewi bathara bathari, widodoro widodari.

Jagading manungso yo jagading poro titah ing marcopodo, jagading alam kajinan, nenggih papan iro poro jin priyangan setan antek antek banaspati kang dumunung ing alam ghaib datan kasat netro.

Panjang luhung kawibawane, alam kadewatan papane poro dewo kang sugih ngelmu jaya kawijayan guno kasekten miwah kamanden, marmo winastan janmo moro janmo mati, sato moro sato mati, mboten saben titahing manungso sarto jin ingkang kamawantun lumebet ing kahyangan jonggring saloko, sedoyo wau nambahi keluhuran saha kuncaraning kahyangan salendro bawana ya kahyangan jonggring saloko.

Gemah ripah loh jinawi sarwo subur kang samyo tinandur sarwo murah kang tinuku, menawi siang tan kroso benter yen ndalu datan asrep, lamun padhang ora mblerengi datan wenten peteng. Anane mung sarwo edi endah hamilangoni, ayem tentrem idhum lan adhem.

Marmanto kawastanan mengkono, sanadyan katah titahing Gusti ingkang sinenggo ing pratiwi karangkulan ing angkoso, jinepit ing samudro, parandene katah titahing Gusti kang samyo anggono raras …….. Hing.

Kang minongko sambeting carito, mboten kadi to kang kawuryan ing salebeting patamanan kahyangan, yo patamanan widodaren, patamanan kang endah sinawang, edi lamun dinulu, ajrahing puspito manekowarno kang angambar arum gandhane sekar ing patamanan samyo ajrah angurah sari, angumbar gandha, gandhane angambar ambar sumebar ngantos hangebeki sasana kahyangan jonggring saloko.

 Sekar awarni rekto, wilis, seto, jenar, nila, bintulu miwah ungu kadyo hangundang bermoro kang sigro samekto ngisep sarining puspo, swasono rinaos ayem, tentrem, adhem lan idhum.

Kocap kacarito, patamanan kang kadi mongko datan biso gawe sukaning manah poro widodari, raos jelih ing galih, raos bosen ing manah, datan jenjem kalamun se ari ari hamung lelangen ing madyaning patamanan kawidodaren, marmo tuwuh karekatnyo, denyo arso linggar saking patamanan, widodari pitu cacahe, dewi iring iring, tunjung biru, dewi warsiki leng leng sari, leng leng mandhani, dewi prabasiwi miwah dewi nawangwulan.

Wus gelog geleng manunggaling karso, arso oncat saking alam kadewatan, ngenggar enggar penggalih ngupoyo senenging nala.

Goncanging carito, poro widodari wus ngaglang jagad mider bawana ing madyaning akoso, poro widodari uningo sumoroting cahyo.

 Pating karelap sumunu hanelahi, tuwuh roso cubriyo jroning nolo sang widodari sigro marepeki dumununging cahyo, saya caket nggeniro marepeki, saya cetho saya hangalelo, jebul cahyo sumunar pating nggalebyar saking telenging talogo tat kolo ber sinorot yang baskoro, mareme ombaking warih pating nggalebyar pating calorot, lamun ginontho ing wardoyo kadyo mutyoro binabar, weninging tuyo nuwuhaken raos pemencut, endahing talogo,

widodari samyo kapilut saking weninging tuyo talogo ngantos poro mino kawuryan nggenyo samyo suko suko kadyo mbekso ing telenging talogo mangayubagyo praptaniro sang widodari.

Sang bagaskoro saya manter cahyane, mahanani roso benter satemah nuwuhaken sumuking sariro, kenceng tekading poro widodari kepengin matirto ambyur ing talogo, remen ing galih sang widodari karaos seger ing sariro langen suko ing talogo, kaladuk ing roso suko satemah kirang ing wewiko, datan prikso lamun ono jejoko kang humiyat saking wingkinging wandiro, kedhep tesmak, sang joko prekso citraniro poro widodari sulistyo ing warno, endahing warni tanpo cacat, candrane rikmo ngemak ngembang bakung, palaraban nyelo cendhane, wimbo njalirit  lir wulang tumanggal, idepe tumenging tawang, netro mblalak lir bawang sebungkul, athi athi ngudhup turi, talingan njepiping kadyo jamur kuping, pangarasane duren sajuring, grana ngrungih, lambene manggis karengat, waja amiji timun, pamidhangane nraju mas, kulit kuning nemu giring kadyo mas sinangling, puyadarane nyengkir gading, dedeg piadege dhuwur lencir, saweneh wonteng ingkang sedeng, hamaringin sungsang, sariro padhet singset sarto weweg, sikile asutang walang, jempolane sikil angembang pudhak, drijine tinoto runtut koyo sirae ulo cabe, kalamun kacondro sang widodari, turah rupo kurang condro, kathik taksih wimbuh gandha arum kang mijil saking sariro.

 kapincut, gandrung kapirangu sang bagus mring kasulistyane poro widodari, satemah tuwuh karekatnyo denyo arso kepingin amundhut garwo lambang asmoro, nanging telenging manah nduwo karsaning sedyo, dene amung titah sawantah kagedhen pajongko, salokane jebul nggayuh lintang, katepang nggrangsang gunung, nanging hardaning kanepson datan biso den suyuti, weninging galih kesoran mring ubeling roso tresno, nguntir budi, amulur pikir sang joko mrih kalakon sedyane, tuwuh tekade tindak durjono arso handustho busananiro sang widodari, goteking kondho, ujaring bakul sinambewara, widodari datan biso ngantarikso, wangsul dateng alam kawidodaren lamun tan ngagem busuno kawidodaren.

Kocap kacarito…sampun marem ing manah poro widodari lelumban sarto lelangen ing talogo, kepingin wangsul makahyangan, kaget kagora satunggaling widodari dupi uningo busananiro ilang musno, den upadi kanthi premati parandene datan pinanggiyo, sangsoyo tambah nalongso sang widodari dene poro kadang samyo tego nilar ngantarikso, marmo tuwuh prasapanya :

“ Sing sopo biso menehi busono marang awaku, lamun wanodyo dak dadeake sedulur sinorowadi, dene lamun priyo bakal dak suwitani…”

Mireng prasapanipun sang dewi, bingah ing manah sang joko dupi badhe kasembadan nggarwo sang widodari, jumedul sang joko saking gumuk gegrumbulan.

 lingsem sang widodari, mundur anyingkur ambyur ing talogo, sang joko kang ngasto busono manungso lumrah sigro marepegi sang dewi maringake busono.

“ kulo matur nuwun sanget, dene panjenengan paring pitulungan dhateng kulo ingkang nembe nandhang cirtoko awit kecalan busono kawidodaren, kulo mboten badhe nyelaki prasopo kulo, panjenengan mesti sampun midanget, panjenengan meniko sinten sang joko,, ? Sarto wonten kerso ingkang kados pundhi dene manjing  ing tengahing wono..? Leledhang ing pinggiring talaga…”

“ Saderengipun kulo walaka, nimas meniko sinten..? Kok piyambakan matirto ing tengah talogo, kamongko talogo meniko wonteng tengahing wono ingkang gung liwang liwung, mboten ajrih saking sato kewan galak, simo ambaung, sawer anyander,,,.

“ inggih kulo pun nawangwulan…”

“ O ….kulo pun joko tarub, dene kulo mriki awit manut ebahing suku, krenteging manah ingkang tansah anyeret, anggreget, satemah dumugi ing tengahing wana, pinggiring talogo, lan kulo mireng prasapanipun panjenengan..”

Goncanging kondho, dewi nawang wulan kagarwo sang joko tarub, datan cinarito anggeniro mangun asmoro, mangun kabagyan kulowargo, wus titimongso sang dewi mijilaken pratimo kang atoto jalmo nengging putro  kang biso dadyo talining brayat, atmojo minongko rerengganing balewismo, putro mijil putri pinaringan nama dewi nawangsih.

Naliko samana dewi nawangwulan ngayahi wajibing istri, tumuju sendang  nggirahi agemaniro sang joko, saderengipun bidhal sarwi weling :

“ Kakang jaka tarub, aku weling marang panjenengan, aku lagi adang ing dhandhang, aja pisan pisan panjenengan mbukak kekebing dandang nganti aku bali saka sendang.

“ Iyo nimas dak estokake piwelingmu..”

Sawetoro suwe tindakiro sang dewi nawang wulan ing sendang tan wangsul, dewi nawangsih beko. Muwun kekejer angreronto ati, den kudang datan mendho, den kekidung tangis bayi malah gawe bingung, sedih manahing jaka tarub awit tangising jabang bayi, ing salebeting nolo kondho “

“ ..E..mbok menowo bocah iki luwe..”

Sang joko tumuli pados boga ing salebeting wismo, nanging datan pinanggyo, tuwuh pangroso bilih anggenipun adang ingkang garwo sampun mateng dados sekul. Naliko badhe mbikak ungkebing dandang enget welingipun sang dewi satemah mandeg mangu sang joko, nyabaraken sedya, nanging nawangsih saya kekejer anggenipun nangis, mboten kiyat sang joko tarub mireng tangising putro, nekad ambuko kekebing dhandhang, kaget sang joko, sapandurat datan biso micoro, dupi uningo kang di adang amung pari sawuli.

“..E…pendah pendah widodari yen adang mung pari sawuli wis biso nyukupi sakulowargo saben dinane, mulo lumbungku koyo koyo ora kalong, jebul nawangwulan yen adang mung pari sawuli…”

Ajrih mring welinging garwo, kekeb dandhang enggal kawangsulaken, naliko sang dewi wangsul saking sendang putro enggal kagendhong meneng, cep klakep ing pankoning ibu, enget sang dewi bilih nembe adang, badhe ningali mbok menawi sampun mateng, kados punopo tho kaget iro sang dewi bilih anggenipun adang taksih wujud pari sawuli datan kados adat sabenipun, semu duko sang dewi pitaken :

“ Kakan joko tarub,, panjenengan ora nuhoni pawelingku, panjenengan mbukak ungkebing dandhang…’

“ Iyo..nimas dakselakana, aku ora biso suwolo, jalaran bukti wus cetho, kabeh mau mung amargo atiku ora tego, kareronto mring tangising anak sing ora kembo, kekejer ora gelem meneng, dak kekudang dak kekidung tetep ora meneng, mbok menowo luwe mulo aku banjur nggolek sego, nanging ora ono, nganti kepepet aku mbukak ungkebing dandang, nanging kok mung pari sawuli,.”

“Yo iku salah sawijining kaluwihanku kakang, nanging saiki wis cabar, aku ora nyalahake marang panjenengan, kabeh mau kathik amargo tresno panjenengan marang anak, nanging rehning panjenengan wis salah kudu gelem nompo paukumane..”

 “ Ya ,,iyo nimas apa wae paukumane bakal dak tompo, kabeh mau mung saking tresnaku marang si nawangsih…”

“ Saiki mengkene kakang,,,,wiwit saiki yen arep adang kudu gawe beras, carane pari kudu di tutu amrih dadi beras, kanggo nutu, panjenengan kudu yoso lesung lan alu…”

“ Bakal dak lakoni nimas, saiki ugo aku njaluk pamit, golek kayu kanggo gawe lesung lan alu..”

“ Iyo kangmas ..seng ati ati…”

Saya dangu, pari ing lumbung sangsoyo telas, satunggaling wedal, dewi nawangwulan manggihaken busananipun nun ninggih busono kawidodaren ing tengahing lumbung, tuwuh panyokrobowo lamun ingkang nyidro busananipun inggih ingkang garwo, sang joko tarub, rehning sampun amanggihaken busononiro, sang dewi badhe wangsul makayangan,

“ Kakang joko tarub, bok menowo wus dadi papesthene, aku kudu pisah karo panjenengan lan anakku, nini nawangwulan, satemene aku ora tego ninggalake panjenengan, apamaneh si nawangsih kang lagi nedheng nedhenge mbutuhake ibu,,nangin iki ora biso di selaki, aku wus nemokake busanaku, kakang, tegese aku kudu bali ing alam kawidodaren,,”

“ Nanging nimas …anakmu nini nawangsih, isih bayi abang, kang ora biso pisah marang kang ibu, mbutuhake katresnanmu, mbutuhake kudang lan kekidunganmu….”

“ Satemene aku ugo kareronto ati, kakang, kudu ninggalake panjenengan lan nawangsih sing isih bayi, nanging aku kudu bali makayangan, wis dadi pepesthen, mundak dadi pangarep arep poro widodari, wis sauntoro aku ngladeni panjenengan, nanging ojo sumelang, kakang, sawayah wayah aku tetep momong lan ngudang anakmu, yo anaku si nawangsih, syarate panjenengan ngobong merang ing tengah latar, banjur besok yen wus wayahe polokromo, aku dewe kang bakal paring sumbogo marang anakmu si nawangsih, syarate panjenengan samaptakake kembang mayang, yoiku wewangunan kang di gawe seko janur rinajut, mawa manuk manukan, pecut pecutan, sarto maneko warno ron lan kembang, kang pungkasan, lilanono aku kepingin mbopong angudang anakmu si nawang sih, ,,…wis kakang aku nyuwun pamit..”

Paripurno angudang si jabang bayi, dewi nawangwulan ngantarikso kairing tumetesing luh sang joko tarub lan dewi nawangwulan, nanging eloke si jabang bayi malah mesem, sajake sang jabang bayi kang maksih suci weruh mring jatining lelakon.

Ginulo wentah kanthi tresno ingkang kathah, kinudang kudang mawi tembang, ginolo golo mring endah luhuring budoyo, dewi nawangsih wus ndungkap dewoso, wis titi mongso arso ndhaup polokromo sang dewi kadyo calon panganten………ing ndalu puniko ing sasana sumbogo risang calon penganten sinumbogo priyonggo dening sang dewi nawangwulan, marmo citraniro risang calon penganten kawuryan soyo sulistyo, sumorot cahyane, endah warnane, pindhane kadyo widodari, hayu kasulistyane datan kasoran mring widodari ing kahyangan salendro bawono, upomo ing kahyangan ono widodari sakethi kurang sawiji jangkepe risang calon penganten putri, marmo ing dalu meniko winastan malem midodareni.

Nuwun.

DjawaDwipa

 
2 Komentar

Ditulis oleh pada April 24, 2012 in Panyandra

 

Tag: , ,

2 responses to “Carios tumuruning Kembar mayang

  1. sudaryanto

    September 20, 2013 at 11:28 am

    badhe tumut ngudi kaweruh penganten adat jawii

     
  2. Babeh Gaul

    September 28, 2012 at 9:56 am

    matur nuwun sanget dumateng penjenenganipun Ki Demang, kulo saget nderek ngangsu kaweruh ing babakan tumuruning wahyu kembar mayang puniko. nuwun.

     

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
%d blogger menyukai ini: