RSS

Paribasan ( M – R )

Tuladha Basa Rinengga

Paribasan, Bebasan lan Saloka ( M – R )

Madu balung tanpa isi

Merhakake barang kang ora ana ajine utawa ora migunani

( Memperebutkan hal yang tiada manfaatnya )

Madu kemiri kopong

Merhakake barang kang ora ana ajine utawa ora migunani

( Memperebutkan hal yang tiada manfaatnya )

Matang tuna numbak luput

Tansah luput anggone nindaake samubarang gawe

( Serba salah dalam semua pekerjaanya )

Mbalung usus

Kekarepan kang kendho kenceng

( Kemauan yang kadang keras kadang lemah / tidak pasti )

Mbuang tilas

Ethok-ethok ora ngerti tumindak ala kang lagi dilakoni

( Berpura-pura tidak tau hal buruk yang dikerjakanya )

Mburu uceng kelangan deleg

Ngoyak barang kang setitik malah kelangan barang kang luwih akeh

( Memburu hal yang sepele malah rugi banyak )

Merangi tatal

Mbaleni utawa mentahi rembug kang wis mateng / dadi

( Merubah kesepakatan yang sudah ada / jadi / matang )

Mubra-mubru blabur madu

Oleh rejeki kang akeh banget

( Mendapatkan rejeki yang banyak sekali )

Nabok nyilih tangan

Mitnah wong sarana kongkonan

( Menfitnah orang lain, dengan menyuruh orang lain juga / tidak bertindak sendiri )

Nambung laku

Ethok-ethok ora ngerti

( Pura – pura tidak tau )

Ngagar metu kawul

Ngojog-ngojoki murih dadi pasulayan, ananging seng di ojog-ojogi ora pasah/mandi

( Mengumbar sesuatu yang menimbulkan kerusuhan, tetapi tidak terwujud / gagal )

Ngaturake kidang lumayu

Ngaturake barang kang wis ilang

( memberikan sesuatu yang sudah hilang / tidak ada )

Ngemut legine gula

Bareng karasa kepenak banjur lali marang asale

( Karena sudah Penuh dengan kenikmatan, terus lupa asal usulnya )

Ngenteni kereme perahu gabus

Ngenteni barang kang ora bakal kelakon

( Menunggu sesuatu yang tidak akan terjadi )

Ngenteni timbale watu item

Ngenteni barang kang ora bakal kelakon

( Menunggu sesuatu yang tidak mungkin terjadi )

Nglungguhi klasa gumelar

Nandhangi gawean kang wis tumata

( Melakukan pekerjaan yang sudah tertata )

Ngutik utik macan dhedhe

Nganggu marang wong kang wis lilih napsune

( Mengganggu orang yang sudah sudah tenang / tentram )

Nguyahi segara

Nyumbang kang ora ana pituwase

( Memberi sesuatu yang tak ada gunanya untuk yang diberi / karena sudah punya banyak )

Njajah desa milang kori

Wong kang jajah lunga tekan ngendi-endi

( Orang yang sudah bepergian kemana-mana / banyak pengalamanya )

Njunjung ngentebake

Njunjung marang sawijining wong nanging nduwe karep ngasorake

( Memuji orang tapi berniat untuk menjatuhkanya )

Nucuk angibarake

Wis mangan isih mbrekat

( Sudah makan masih di bawakan oleh-oleh untuk di bawa pulang )

Nututi layangan pedhot

Nututi barang kang wus kebacut ilang

( Mengejar sesuatu yang sudah tiada / hilang )

Nyolong bedhek

Orang mempan karo bedhek, di bedhek pinter jebul bodo, di bedhek bodo jebul pinter

( Sulit menerka, di sangka pandai ternyata bodoh, di sangka bodoh ternyata pintar/pandai )

Opor bebek, mateng awake dhewek

Wong seng bisa madeg dhewe, sarana akale dhewe

( Orang yang bisa berdiri sendiri/mandiri, dengan pikiranya sendiri )

Ora ana kukus tanpa geni

Angger ana kabare mesti ana kenyataane

( Ada kabar / berita pasti ada kenyataan )

Ora ganja ora unus

Rapane ala atine ya ala

( Rupa jelek, hatinya juga jelek )

Ora mambu enthong erus

Dudu sanak babar pisan

( Bukan saudara sama sekali )

Ora ngerti kentang kimpule

Ora ngerti jalaraning perkara

( Tidak tau Sebab musabab dari suatu perkara )

Ora tembung ora tawung

Nyilih barang liyan tanpa nembung luwih dhisik

( Meminjam barang orang lain tanpa ijin terlebih dahulu )

Ora uwur ora sembur

Wong tuwa kang ora menehi bandha, ora menehi pitutur kang becik marang anak kanggo sangu uripe

( Orang tuwa yang tidak memberikan harta kepada anaknya, dan juga tidak memberikan Nasehat kebaiakan untuk bekal hidup )

Othak athik di dudut angel

Rembuge sajak kepenak, baren ditenani jebule angel

( Waktu membicarakanya kelihatanya gampang, setelah dijalani ternyata susah )

Pandenan karo srengenge

Lelawanan utawa memungsuhan karo wong kang nduweni panguwasa

( Bermasalah dengan orang yang mempunyai kekuasaan tinggi )

Pandhitaning antake

Laire suci ananging bathine reged

( Badanya Bersih, tatapi hatinya kotor )

Pitik trondol diumbar ing padaringan

Wong ala dipercaya nunggu barang kang aji, wusana ngentek-enteki

( Orang Munafik di percaya nunggu barang/sesuatu yang berharga, akhirnya semua dihabiskanya )

Rampek-rampek kethek

Nyedhak-nyedhak mung arak nggawe kapitunan

( Mendakati hanya untuk membuat hal yang merugikan )

Rawe-rawe rantas malang – malang putung

samu barang kang ngalangi bakal dibrantas

( Semua Yang menhalangi akan di hancurkan )

Rindik asu digitik

dikongkon nglakoni pegawean sing cocok karo kekarepane

( Disuruh bekerja yang sesuai dengan keinginanya )

Padosi Paribasan kanthi lantaran : 
( A - D ) ( D - K ) ( K - L ) ( M - R ) ( S - Y ) 

Sumber :
Buku Sesorah " Pranatacara Tuwin pamedhar Sabda "
Sri Hono Murwatono

DjawaDwipa

 

1 responses to “Paribasan ( M – R )

  1. Ki Demang

    November 25, 2016 at 12:13 pm

    terima kasih ..

     

Tinggalkan Balasan ke Ki Demang Batalkan balasan