RSS

Gantalan, Wiji dadi, Sinduran

  • Tuladha atur pranatacara wonten ing adicara panggih pengantin sawat gantalan :

Wus dumugi wahyaning mongso kolo dumawahing kodrat, saking panguaosing Gustu ingkang Moho Wikan, Welas, Tresno lan Asih, naliko semono ono titahing Gusti kang asipat jalu lan wanito, ingkang sumedyo netepi jejering agesang ngancik ing alam bebrayan, amestuti ilo-ilo ujaring poro kino ingkang dahat pinundhi pundhi, sarto angleluri laksito harjo nulad edi endahing budoyo, nulodho budoyo kang sarwo sarwi adi luhung, tumuju dateng kautamen.

Dhampyak – dhampyak poro kadang wandowo ingkang samyo hangayap tindakipun putro temanten kakung , kandeg sawetawis sareng dumugi dwiwaraning pawiwahan.

Gantyo kang winursito…

Ingkang jengkar saking sasana rinenggo, anenggih puniko warnanipun temanten putri , kinarebeg sagunging poro – poro ingkang samyo humiring, kinanti myang poro-poro kang wis pinanci.

Dene kang munggeng tut wuri hanenggih warnariro jejoko kenyo tumaruno kalih ingkang ngasto kembar mayang kawasto, kalpataru, dewondaru, joyodaru ingkang kinaryo sarono dauping temanten sarimbit. Tindakiro lengkeh – lengkeh kadyo sarjulo lopo riyak anggajah nggoling, lambean amblarak sempal yayah merak kasimpir,

` Gendhing laras moyo…

Minggah ungeling ketawang laras moyo, tumapaking podo nut wiromo swaraning pradonggo kang munyo hangrangin, rinambang ungeling munggang kang kapiyarso ing akoso.

Kadyo saur manuk anglur selur asung pepuji pangestu marang penganten kekalih, mrih kasembadan sedyo anggenipun bebrayan ngantos dumugi kaki nini, tebih ing rubedo celak ing kanugrahan lan kabagyan

Soyo caket soyo caket anggenipun lumaksono, risang temanten putri dupi wus dumugi papan kang wus sinedyo, sigro kandeg sawetawis, temanten sami apagut tingal, tempuking paningal catur netro, catur wus ngarani papat netro mripat, podo sakolo wonten doyo pangribowo ingkang ambabar karso dadyo sarono pambukaning roso ginaib ingkang tumenem ing sanubari, tempuking pandulu satemah mbabar  raos geter ing telenging nolo

  • Gantalan :

Datan saronto risang penganten putri ambalang gantal, namung sakedeping netro risang pinanganten kakung  mbales ambalang gantal, punopo tho menggah darunanipun gantal ingkang dados bebalanganing putro tinemanten,,?

Gantal nun ninggih suruh ingkang matemu ros, ingkang minongko sarono ambuntel sarananing ganten, suruh tinangsulan ing lawe seto satuhu ngemu pralmpito,

Suruh, jarwo dhosokipun kesusu kepingin weruh, suruh lamun tho pradopo bedo lumah lawan kurepe, nanging lamun ginigit tunggal rasane, sanajan sajugo jejer priyo satunggal mijil wanito, kalamun sampun gambuhing penggalih, manunggal roso cipto miwah karsane, temu ing raos, tinangsulan ing raos tresno ingkang suci, bakal pinasthi dadyo jatu kramane, pinesthi dadi jodhone.

Pambalangiro penganten putri tumuju ing jaja miwah jengku, gantal ing jaja amrih sri panganten kakung darbe raos asih mrih garwo, tumuju ing jengku, penganten putri tansah ngajeng – ajeng ing pamengku, sageto penganten kakung mengku wanodyo dados pangayomaning brayat.

Pembalanging gantal penanganten kakung nering palaraban miwah jaja, tumuju ing palaraban ngemu wasito panyuwun mrih wanodyo mulur ing cipto, dene ing jaja amrih mekaring roso, satemah penganten puri saget menggalih kanthi weninging roso, saniskaraning tumindak miwah wicoro mung  karenak tyasing sasomo.

Purno ambalang gantalan kanthi bombonging manah…..kebak raos ingkang tumenem ing sanubari, kawuryan penganten kekalih wus jajar sumandhing aneng luhuring pasangan linambaran roning pisang rojo, pasemone nyoto lamun daupiro wus pinesthi dadi pasanganiro, kang anggung kinudang kudang, bangkit mandireng pribadi, winimbuh ing kawibawan, lir jejering narendrotomo.

Mandhap saking pasangan, ingkang sarimbit gyo marepeki antigo cinaket ing bokor kencono, minongko wadahing sekar setaman, sakolo ponang antigo tinapak ing podo,,Pyar,,,pecah sanaliko,,pramilo doyo-doyo penganten putri laju ajengku sarwi sumembah mring kakung, purno deniro sumembah gya amijiki samparaning ingkang roko kang winastan ranupodo, ranu wus ngarani toya, podo teges samparan, kang putri mijiki samparaning kang roko kanthi sedyo ngatonaken darmo bekti mring garwo, amberat sawarnaning sukerto, satemah anggeniro lumebet ing alam madyo gesang bebrayan, saged lulus raharjo manggih kamulyan.

Toya perwito kang minongko sarono pambasuhing podo, manunggal mring sekar triwarno, nunninggih mawar , mlati miwah kenongo, gandhane sekar den pepuji amrih ing tembe ngambar arum gandhane risang pinanganten, kuncoro asmane, biso dadi tepo palupining brayat mudho.

Paripurno winijikan samparaniro jinunjung lenggah risang pinanganten putri kebak ing raos tresno asih, pralampitane, risang pinanganten minongko jejering priyo, kasdu ngangkat drajating wanodyo, amrih saget jajar kaliyan drajating priyo.

  • Singep sindur :

Paripurnaning gati kang titi laksono adicoro panggih, lajeng jumeneng jajar putro tinemanten kekalih sandhing kekanten asto, satuhu sajajar drajating priyo lan wanito, sanadyan wanodyo datan nyingkur kodrating wanito minongko garwo, risang pinanganten asro lumampah tumuju ing sasana rinenggo , aloke kang samyo humyat….

Gandheng renteng – renteng kekanthen asto risang pinanganten sarimbit datan ginggang sarambut pinoro sosro, sarwi singep sindur ingkang awarni rekto miwah seto deneng romo ibu, kanthi pangajab bebrayaning putro sarimbit  tinuntun ing rehing kautamen, pinanggiyo ing budi rahayu linambar raos tresno, rhosa, tepo, sembodo lan kumawuluh, Wani ing bebener, ajrih ing kaduragan lan kanistan,

Kadyo rojo myang prameswari arso tedhak siniwoko lenggah ing dhampar dento, sapungkurnyo risang penganten inggih bapak-ibu………..suko reno ing wardoyo bapak – ibu…………dupi wus biso ngentasi wajibing wredho molokrama aken putro pinanganten sarimbit nun inggih kang ahayu roro………kaliyan sang abagus ………priyo kang mijil saking tlatah………satuhu putro kekudanganipun bapak-ibu……, wus widagdo nambut guno talining akrami risang pinanganten, kanthi nopokhasmoni pustoko pikukuhing polokromo tumapaking adicara ijab ing dinten…….suryo kaping mapan ing ………..ing wanci meniko mestuti tatacara adiluhung kanthi nindaaken adicara panggih.

Poro kadang samyo tutwuri mring tindakiro risang pinanganten, jumurung mring karsaniro risang pinanganten, anggeniro darbe karso mangun bale wismo, mangun kulowargo, mugi ing tembe enggal saged antuk kamulyan gesang, atut runtut reruntungan kadyo mimi lan mintuno, saking dunyo dumugyo delahan.

Sampun tumuju ugyan kang tinuju nenggih risang pinanganten wonten ing sasana rinenggo , gunging panuwun dhumateng poro tamu ingkang sampun suko pakurmatan tumapaking adicoro panggih, kepareng lenggah ing sasana sakawit,

Kawuryan sri pinanganten sampun lenggah ing sasan mulyo , suko ing driyo risang pinangantyan putri, ginontho ing wardoyo, kadyo puspo warnane.

DjawaDwipa

 

One response to “Gantalan, Wiji dadi, Sinduran

  1. budiyanti

    Februari 23, 2016 at 4:13 am

    Bagus, tapi perasaan saya kok artikel ini belum sampai pada akhir prosesi phrgyan penganten ya mas?

     

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

 
%d blogger menyukai ini: