Tuladha atur pranatacara wonten ing adicara medaling pengantin kakung saking wisma palereman :
Poro rawuh sekaliyan ingkang winantu pakurmatan, langkung langkung dateng priyagung lan poro sepuh ingkang mahambeg dharmo, pono ing pamawas, miwah lebdo ing pitutur,
Prasasat linobong ing manah ingkang dahat suto amorwoto suko, dupi anggenipun anguningani yen ta sajroning sasana pawiwahan, kawuryan kebak luber ambelabar sagunging pro tamu kakung putri, lenggah satoto pepak sinarojo.